Imam Agus Taufiq
Gusti Allah dawuh:
وَمَا
هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَهْوٌ وَلَعِبٌ وَإِنَّ الدَّارَ الْآخِرَةَ
لَهِيَ الْحَيَوَانُ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ
Artosipun: Ora ono urip ing dunyo iku kejobo
guyon lan dolanan. Lan saktemene akhirat iku sejatine panguripan, lamun siro
kabeh podo ngerti (Al-Ankabut, 64)
Ayat meniko negesaken
bilih gesang ing dunyo niku sejatine namung mampir ngunjuk tuyo, mampir
sekedap, ameng-amengan, mboten langgeng. Pramilo, umure tiyang gesang wonten
dunyo niku nggih sekedap lan dipun imutaken bilih akhirat niku ingkang dados
panggenan sejati, selawase. Ayat kasebat ugi
ngimutaken dateng kito sedoyo supados inggal cancut taliwondo ngisi umur wonten
dunyo kelawan amal kesaenan. Sebab katah sanget tiyang ingkang ngangguraken
waktune, malah didamel dolanan kimawon, remen persulayan, ngapusi, maksiat.
Padahal sedoyo niku bakale dipun pertanggungjawabaken mbenjang dinten kiamat.
Kanjeng Nabi dawuh:
ألا
كُلُّكُمْ راعٍ، وكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ
Artosipun: Ilingo, saben
siro kabeh iku wong kang angon, lan saben siro kabeh bakal ditakoni saking
angonane (HR. Muslim)
Sebagian ulama njelasaken
wong angon teng hadis meniko maksude tiyang ingkang dipun paringi amanah,
misale pemimpin kedah tanggungjawab ingatase rakyate, wong tuo kedah
tanggungjawab ingatase putro-putrone, tiyang alim kedah tanggungjawab ingatase
umate, tiyang sugeng kedah tanggungjawab ingatase tindak lampahe. Milo,
sedoyo tanggungjawab niku wau bakal
ditangletaken wonten ngersane Gusti Allah. tolong-tinolong,
pesen kebecikan, ucapan sae, tepo sliro. Nalikane wonten tiyang ingkang
kesusahan, mongko dipun bungahaken penggalihe lan nalikane wonten tiyang nyuwun
tulung, mongko dipun tulungi, lan saling wasiat kelawan perkawis ingkang bener.
Gusti Allah sampun dawuh wonten surat al-Asr:
وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍاِلَّا
الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا
بِالصَّبْرِ
Artosipun: Demi mongso,
saktemene menungso iku ingdalem getunan, kejobo wongkang podo iman lan amal
soleh lan podo paring nasehat kelawan bener lan sabar. Ayat meniko pertelo
sanget, kito sedoyo kedah nggunaaken umur, mongso ingkang sekedap kelawan perkawis
ingkang manfaati, sakderenge getunan, kranten wektu mboten bade balik maleh.
Saling ngimutaken antawisipun sederek, paring nasehat lan pitutur kedah dipun
biasaaken tanpo rumongso nggurui.
Wonten setunggale dawuh Kanjeng Nabi nalikane dipun suwuni pirso
poro sahabat:
يَا
رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ : مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ
Artosipun: Duh Kanjeng
Nabi, sinten tiyang ingkang langkung sae? Kanjeng Nabi ngendiko: Wong kang dowo
umure lan bagus amale (HR: Tirmidzi)
Hadis niki saget dipun
pahami, tiyang ingkang sae niku ingkang pinaringan umur dowo kanti dipun isi
kaliyan amal kesaenan, dipun isi kaliyan perkawis ingkang manfaati lan migunani
dateng tiyang lintu. Sinaoso mekaten, tiyang ingkang pinaringan
umur pendek ananging nalika gesange dipun isi kaliyan amal
kesaenan nggih kalebet tiyang ingkang sae. Setunggale
dawuh saking Syekh Ahmad ibn Atha'illah as-Sakandari ing kitab al-Hikam:
رُبَّ
عُمُرٍ اتَّسَعَتْ آمادُهُ وَقَلَّتْ أمْدادُهُ، وَرُبَّ عُمُرٍ قَليلَةٌ آمادُهُ كَثيرَةٌ
أمْدادُهُ
Artosipun: Terkadang umur
dowo ananging mboten manfaati, lan terkadang umur pendek ananging katah
manfaate.
Walhasil, umur dowo utawi
umur pendek niku sedoyo sami bakal dipun suwun pertanggungjawabane; tiyang
ingkang umure dowo lan umure pendek niku sedoyo sampun ngelampahi nopo mawon? Syukur-syukur
umure dowo dipun isi amal kesaenan. Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan
umur dowo lan gangsar anggenipun ngelampahi kesaenan lan pikantuk pitulung
saking Gusti Allah ingatase istiqomah ngelampahi perkawis ingkang manfaati lan
migunani. Amiin
Kalidawir, 21 November 2025.
Komentar
Posting Komentar