Langsung ke konten utama

Intropeksi Diri Kehidupan Abadi

Imam Agus Taufiq 

 Gusti Allah dawuh:

وَمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَهْوٌ وَلَعِبٌ  وَإِنَّ الدَّارَ الْآخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ

 Artosipun: Ora ono urip ing dunyo iku kejobo guyon lan dolanan. Lan saktemene akhirat iku sejatine panguripan, lamun siro kabeh podo ngerti (Al-Ankabut, 64)

Ayat meniko negesaken bilih gesang ing dunyo niku sejatine namung mampir ngunjuk tuyo, mampir sekedap, ameng-amengan, mboten langgeng. Pramilo, umure tiyang gesang wonten dunyo niku nggih sekedap lan dipun imutaken bilih akhirat niku ingkang dados panggenan sejati, selawase. Ayat kasebat ugi ngimutaken dateng kito sedoyo supados inggal cancut taliwondo ngisi umur wonten dunyo kelawan amal kesaenan. Sebab katah sanget tiyang ingkang ngangguraken waktune, malah didamel dolanan kimawon, remen persulayan, ngapusi, maksiat. Padahal sedoyo niku bakale dipun pertanggungjawabaken mbenjang dinten kiamat. Kanjeng Nabi dawuh:

ألا كُلُّكُمْ راعٍ، وكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ

Artosipun: Ilingo, saben siro kabeh iku wong kang angon, lan saben siro kabeh bakal ditakoni saking angonane (HR. Muslim)

Sebagian ulama njelasaken wong angon teng hadis meniko maksude tiyang ingkang dipun paringi amanah, misale pemimpin kedah tanggungjawab ingatase rakyate, wong tuo kedah tanggungjawab ingatase putro-putrone, tiyang alim kedah tanggungjawab ingatase umate, tiyang sugeng kedah tanggungjawab ingatase tindak lampahe. Milo, sedoyo tanggungjawab niku wau bakal ditangletaken wonten ngersane Gusti Allah. tolong-tinolong, pesen kebecikan, ucapan sae, tepo sliro. Nalikane wonten tiyang ingkang kesusahan, mongko dipun bungahaken penggalihe lan nalikane wonten tiyang nyuwun tulung, mongko dipun tulungi, lan saling wasiat kelawan perkawis ingkang bener. Gusti Allah sampun dawuh wonten surat al-Asr:

 وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍاِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

Artosipun: Demi mongso, saktemene menungso iku ingdalem getunan, kejobo wongkang podo iman lan amal soleh lan podo paring nasehat kelawan bener lan sabar. Ayat meniko pertelo sanget, kito sedoyo kedah nggunaaken umur, mongso ingkang sekedap kelawan perkawis ingkang manfaati, sakderenge getunan, kranten wektu mboten bade balik maleh. Saling ngimutaken antawisipun sederek, paring nasehat lan pitutur kedah dipun biasaaken tanpo rumongso nggurui.

Wonten setunggale dawuh Kanjeng Nabi nalikane dipun suwuni pirso poro sahabat:

يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ : مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ

Artosipun: Duh Kanjeng Nabi, sinten tiyang ingkang langkung sae? Kanjeng Nabi ngendiko: Wong kang dowo umure lan bagus amale  (HR: Tirmidzi)

Hadis niki saget dipun pahami, tiyang ingkang sae niku ingkang pinaringan umur dowo kanti dipun isi kaliyan amal kesaenan, dipun isi kaliyan perkawis ingkang manfaati lan migunani dateng tiyang lintu. ​​​​​​​Sinaoso mekaten, tiyang ingkang pinaringan umur pendek ananging nalika gesange dipun isi kaliyan amal kesaenan nggih kalebet tiyang ingkang sae. Setunggale dawuh saking Syekh Ahmad ibn Atha'illah as-Sakandari ing kitab al-Hikam:

رُبَّ عُمُرٍ اتَّسَعَتْ آمادُهُ وَقَلَّتْ أمْدادُهُ، وَرُبَّ عُمُرٍ قَليلَةٌ آمادُهُ كَثيرَةٌ أمْدادُهُ​​​​​​​

Artosipun: Terkadang umur dowo ananging mboten manfaati, lan terkadang umur pendek ananging katah manfaate.

Walhasil, umur dowo utawi umur pendek niku sedoyo sami bakal dipun suwun pertanggungjawabane; tiyang ingkang umure dowo lan umure pendek niku sedoyo sampun ngelampahi nopo mawon? Syukur-syukur umure dowo dipun isi amal kesaenan.​​​​​​​ Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan umur dowo lan gangsar anggenipun ngelampahi kesaenan lan pikantuk pitulung saking Gusti Allah ingatase istiqomah ngelampahi perkawis ingkang manfaati lan migunani. Amiin 

Kalidawir, 21 November 2025. 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ketentraman Hati

 Oleh : Imam Agus Taufiq Di tahun 2021 tentunya setiap orang mempunyai harapan baru. Saya yakin bahwa dengan bergulirnya  tahun baru seiring perjalanan ruang dan waktu pasti mereka ingin menjadikan apa yang mereka kerjakan hari ini harus lebih baik dari hari kemarin. Mengingat bahwa termasuk tanda-tanda orang beruntung adalah apa yang ia kerjakan hari ini harus  lebih baik dari hari kemarin, begitu juga sebaliknya. Dekade saat ini  bangsa kita dirundung yang namanya  bencana yang datang silih berganti, belum lagi musim pandemi yang tak kunjung pergi. Entah sampai kapan kita menanti dan menikmati musim pandemi. Semoga pandemi segera pergi dan harapan baru segera kita nikmati menjemput ridlo Ilahi robbi.  Sebagai masyarakat yang agamis dengan melihat situasi dan kondisi saat ini harus punya ghirrah untuk mendekatkan diri kepada Ilahi robbi. Tentunya kita sadar bahwa hanya kepadaNya kita memohon dan meminta disertai dengan ikhtiar. Dan Allah SWT tak akan merub...

Belajar dari Penulis

 Imam Agus Taufiq  Ngainun Naim adalah seorang doktor bidang Islamic Studies lulusan Universitas Islam Negeri Sunan Kalijaga Yogyakarta. Akademisi dan pegiat literasi ini lahir di Tulungagung pada 19 Juli 1975, merupakan sosok figur yang rajin membaca dan menulis. Sosok yang sekarang menjabat kepala LP2M di kampus dakwah dan peradaban IAIN Tulungagung, baginya belajar--menggali ilmu lewat membaca dan menulis adalah bagian jalan hidupnya. Sikap aktif membaca dan menulis kini terus beliau tularkan dari generasi ke generasi. Salah satunya lewat WA Group sahabat pena kita Tulungagung. Sikap aktif menulis juga beliau tuangkan ke dalam buku. Sudah banyak buku yang ditulisnya. Buku beliau yang sangat populer dan digandrungi adalah "The Power of Reading dan The Power of Writing". Dan buku yang baru terbit adalah "Menulis Itu Mudah 40 Jurus Jitu Mewujudkan Karya yang  tophit dan cetak ulang beberapa kali. Buku karya beliau banyak dijadikan bahan referensi dan rujukan mereka yang ...

Jejaring Santri Tegalsari Ponorogo di Tulungagung

Oleh: Imam Agus Taufiq Jejaring Pesantren Tegalsari Ponorogo yang ada di Tulungagung dapat diungkap melalui salah satu ipar Kyai Muhammad Ageng Besari, yaitu Raden Witono/ Syekh Hasan Ghozali yang berkiprah di Tulungagung. Hasil pernikahannya dengan Nyai Jarakan, Syekh Hasan Ghozali memiliki putra-putri antara lain  Kyai Imam Jauhari Mahmud (Notorejo Gondang Tulungagung), Kyai Muntaha (Mbah Muntaha Jarakan Gondang Tulungagung), Kyai Gembrang Serang ( Kyai Ageng Nur Rahmatullah), dan Nyai Robi'ah. Nama lain Syekh Hasan Ghozali Kalangbret, Tulungagung adalah Kyai Ageng Witono atau Kyai Naib Witono atau Kyai Mangun Witono. Mengapa disebut Mbah Witono karena Syekh Hasan Ghozali merupakan sosok yang pertama kali mengadakan kajian-kajian Islam (wiwitane ono: Jawa) di daerah Kalangbret Tulungagung. Syekh Hasan Ghozali sering bersilaturrahmi dengan keluarga-keluarga dari Raden Setro Menggolo ( Syekh Abu Naim Fathullahyang makamnya terletak di barat makam Sentono Lodoyo Blitar) dan Raden Ra...